Selasa, 01 September 2009

Gunung Tidar.. Pakuning Tanah Jawa

Julukan paku utawa pusate tanah Jawa, mbokmenawa ora ana sing unik lan narik kawigaten sing nyritakake Gunung Tidar. Senajan mung di anggep sawenehing gumuk, nanging kanthi cara mithologis, gunung iki prayata nduweni peranan penting kanggo tanah jawa. Manggon ing tengah-tengahing kutha Magelang, Jawa Tengah, gunung Tidar tetela mujudake taman kota raseksa kang kaconggah gawe reseping kutha Magelang sing adhem kaya dene kutha Malang, Jawa Timur.
Ujaring kandha sadurunge ana gunung Tidar kahanane tanaj Jawa isih di oncat-ancitake samodra gung kang nggegirisi. Nuju sawijining dina tanpa kinaweruhan sangkan paraning dumadi, dumadakan ana keris kang mancep ing satengah-tengahing gunung Tidar mau. Bebarengan karo tumanceping keris padha sanalika tanah Jawa dadi ayem tentrem nir ing sambikala. Nanging ora antara suwe jumedhul sawenehing pawongan sing sekti mandraguna. Pawongan mau nuli nyoba njabut keris kasebut. Satemah tanah Jawa bali gonjang ganjing. Dahuru lan ontran-ontran dumadi ing sadhengah papan. Sebutan "Pakuning Tanah Jawa" nduweni teges kuwawa agawe karahayoning tanah Jawa.
Nanging ing sanjabaning perkara kuwi, ana keyakinan lita sing ngenani anane paraga Kyai Lurah Semar lan Sabdapalon. Kekarone mujudake pendhereke Prabu Brawijaya, nalendra Majapahit. Ana maneh pendhereke liyone yaiku Nayagenggong sing di sebut-sebut minangka Togog Tejamantri. Kabeh mau di jlentrehake dening Paiman (83), juru kunci Gunung Tidar. Manut kaki-kaki sing akrab di undang Eyang Seta mau, satekane saka Negara Cempa, ing sawenehing papan sing saiki madeg Gunung Tidar, sabdapalon matur marang ratu junjungan menawa dheweke ora arep ndherekake tindake Sang Prabu maneh.
"Kula kinten sekap semanten anggen kawula nyuwita, kanjeng ratu. Mbenjang kemawon menawi sampun dhawah titi wancinipun Bratayuda dumados, kawula badhe mbudidaya pepanggihan malih kaliyan sinuwun ingkang kinurmatan," ujare Sabdapalon miturut Eyang Seta.
Nanging bab tembung "perang Bratayuda" mau isih durung gamblang apa sing sing dadi maknane lan kepriye mungguh kabul kawusanane. Bisa uga perang Bratayuda sing di karepake Sabdapalon mau ana gandheng cenenge karo perkara politik.
"Kekisruhan ing donyaning politik wiwit jaman karajaan biyen engga saiki wis ana tandha-tandha sadurunge," jlentrehe Eyang Seta.
Kepara juru andum kabagyan aran Ratu Adil wis di sebut-sebut ing perlambang mau. Ngepasi tenggal 1 Sura, kayadene adat sing wis, saperangan tokoh paranormal sing padha ngumpul perlu tetirah ing Gunung Tidar ngaku oleh wisik saka Eyang Semar. Wisik mau nyebutake anane spekulasi ngenani Ratu Adil kang dadi pocapan rame.
Muga-muga Ratu Adil mau mahanani tata tentreming negara sing kita tresnani iki. Temahan negara kita iki dadi negara kang kuncara, tata tentrem gemah ripah loh jinawe. Nanging emane durung ana tandha-tandha sapa priyagung utawa tokoh sing di sebut Ratu Adil mau.
Kita kabeh bisane mung bisa nenuwun marang ngarsane Gusti Kang Maha Mirah muga-muga Ratu Adil sing tansah kita antu-antu mau bakal dai kasunyatan.

0 komentar:

Posting Komentar