Selasa, 01 September 2009

Menungsa Ngendhog

Wis mataun-taun Baginda Raja Harun Al Rasyid pengin bisa ngalahake Abu Nawas. Nanging jebakan-jebakan kang sasuwene iki ditindakake kabeh bisa di atasi kanthi cara-cara kang jitu dening Abu Nawas. Senajan mangkono Baginda Raja ora nglokro.
Sawijining sore nalika Baginda Raja klawan para menterine padha siram ing padusan banyu anget. “Aku duwe akal ngalahake Abu Nawas” dhawuhe Sang Prabu marang para pendhereke.
“Kados pundi Paduka ingkang minulya? Takone salah siji menterine.
“Kowe kabeh ora perlu ngerti dhisik. Aku mung pengin kowe kabeh sesuk sore padha teka mrene maneh. Nanging kudu luwih gasik saka Abu Nawas, merga aku pancen arep ngundang dheweke adus bareng-bareng ing kene” dhawuhe Baginda Raja akeh-akeh.
Baginda Raja pancen sengaja ora ndhawuhake jebakan apa kang bakal di gelar sesuk.
Sesuke Baginda Raja lan para mentri wis padha rawuh gasik. Baginda ngasta endhog pitik cacah sangalas. Wolulas diparingake menteri-menteri dene panjenengane ngasta siji. Banjur Baginda paring pengarahan bab apa kang kudu ditindakake kanggo njebak Abu Nawas.
Nalika Abu Nawas teka, Baginda Raja klawan para menteri mau wis padha kungkum ing kolam. Abu Nawas nyopot panganggone lan langsung melu kungkum. Abu Nawas rada was-was gek cangkriman apa maneh kang bakal di adhepi.
“Hei Abu Nawas, aku ngundang kowe adus bebarengan iki pengin ngajak kowe melu jroning dolananku” ngendikane Sang Baginda Raja.
“Dolanan ingkang kados pundi Paduka ingkang minulya?” takone Abu Nawas durung ngerti.
“Kowe pisan-pisan kudu bisa nindakake bab-bab kang bias ditindakake dening kewan. Nanging minangka menungsa kita mesthi bisa kanthi cara kita dhewe-dhewe” dhawuhe Sang Baginda sinambi mesem.
“Kawula dereng dhong kaliyan menapa ingkang panjenengan kersakaken Gusti” ujare Abu Nawas karo rada kewedhen.
“Jelase, kita kabeh kang padha kungkum ing kene iki kudu bisa ngendhog kayadene pitik. Dene kang ora bias ngendhog mula dheweke kudu gelem nampa pidana!” jlentrehe Sang Baginda.
Abu Nawas ora bisa ngomong apa-apa. Praene katon aclum. Dheweke uga saya yakin yen ora bakal bias lolos saka jebakane Raja Harun Al Rasyid iki kanthi gampang.
Pirsa praene Abu Nawas kang susah, Sang Baginda Raja malah saya seneng. “Wis saiki ayo diwiwiti. Kita nyilem banjur munggah maneh kanthi nuduhake ndhoge dhewe-dhewe” perintahe Baginda Raja.
Baginda Raja lan para menteri banjur wiwit padha nyilem, lan bareng padha munggah siji mbaka siji padha nuduhake endhog pitike dhewe-dhewe. Semono ugo Abu Nawas uga melu nyilem ing jero banyu., nanging dheweke ora ngerti kudu tumindak apa merga ora ngerti yen kudu bisa ngendhog kaya pitik.
Nanging Abu Nawas dadi ngerti yen Baginda Raja lan para mentri wis padha sedhiya endhog dhewe-dhewe sadurunge. Merga durung tau ana critane ing jagad iki menungsa bias ngendhog. Merga dhadhane wiwit krasa seseg nyilem terus ng jero banyu wusanane Abu Nawas cepet-cepet muncul.
Baginda Raja langsung nyedhaki Abu Nawas lan nyuwun pirsa; “Lha endi endhogmu?”
Nanging Abu Nawas katon tenang, kepara dheweke malah tumindak nganeh-anehi, yakuwi kluruk-kluruk kaya pitik jago saengga Baginda lan para menteri dadi eram.
“Pangapunten Gusti Harun Al Rasyid. Kawula mboten saged nigan kados panjenengan menapa dene para menteri” ature Abu Nawas sambi mbungkuk urmat.
“Yen ngono kowe kudu diukum sing abot,” dhawuhe Baginda seneng.
“Nanging mangke rumiyin Gusti,” ujare Abu NAwas nyelani atur.
“Apa maneh Abu?” Sang Baginda ora sabar
“Gusti Harun Al Rasyid ingkang minulya, sejatosipun menawi kawula badhe nigan, mesthi kawula saged, nanging sasampunipun nyilem kala wau kawula malah rumaos dados ayam jago mila kawula mboten nigan. Namung ayam babon kemawon ingkang nigan. Kuk kuru yuuuuk…!” ujare Abu Nawas nyuwara kaya kluruke pitik jago.
Baginda Harun Al Rasyid ora bisa ngendikan apa-apa. Pasuryane lan uga rupane para menteri malah dadi pucet kecipuhan. Iki ora liyo mergo padha di anggep pitik babon dening Abu Nawas.

0 komentar:

Posting Komentar