Selasa, 01 September 2009

Mledhingi Raja Harun Al Rasyid

Sawijining sore nalika Abu Nawas menyang warung kopi,kanca-kancane wis ana ing kono. Kanca-kanca kuwi pancen sengaja ngenteni tekane Abu Nawas.
“Lha kae Abu Nawas teka” ujare salah sijine pawongan ing warung mau.
“Ana apa?” takone Abu Nawas sinambipesen kopi panas.
“Hei Abu, kita kabeh iki ngerti yen kowe tansah bisa uwal saka jebakan-jebakan kang dirancang Baginda Raja Harun Al Rasyid. Nanging kita yakin,saikine kowe mesthi diukum yen kowe nganti wani nindakake” kanca-kancane Abu Nawas mbukak obrolan.
“Apa sing tak wedeni. Ora ana siji wae sing perlu diwedeni kejaba marang Allah SWT” ujare Abu Nawas tenang.
“Sasuwene iki durung ana ta siji wae menungsa ing tlatah iki kang wani mledhingi Baginda Raja Harun Al Rasyid. Rak iya ta Abu Nawas?” Takone kanca-kancane Abu Nawas.
“Mesthi wae, merga saliyane ora duwe sopan santun, iku uga klebu pangina marang raja, ukumane woo… bisa ditigas gulune!” kandhane Abu Nawas nuturi.
“Ya iku kang pengin kita mangerteni saka awakmu Abu. Apa kowe wani nindakake?”
Abu Nawas rada kaget sejatine, nanging dheweke bisa nata sikape, mula tetep digawe tenang.
“Wis tak kandhakake wit mau yen aku mung wedi marang Allah wae. Saiki apa totohane yen aku gelem nindakake?” Abu Nawas genti takon.
“Satus benggol dhuwit emas. Nanging saliyane iku Raja Harun Al Rasyid kudu bisa gumujeng nalika bok pledhingi lho!” welinge kanca-kancane mau. Abu Nawas mulih sawise ngiyani totohane kancane mau.
Kanca-kancane Abu Nawas ora yakin Abu Nawas bisa ndadekake Baginda Raja gumujeng apamaneh nalika di pledhingi. Sajake dina mengko Abu Nawas kudu temen-temen siap ngadhepi algojo sing senengane nugel gulune wong iku.
Minggu ngarep Baginda Raja Harun Al Rasyid bakal nganakake pasamuwan agung. Para menteri, pegawe istana lan wong-wong cedhak Baginda padha diundang, klebu Abu Nawas. Abu Nawas ngrasakake dina-dinane lumaku kanthi cepet merga dheweke kudu nemokake akal amrih ora ketemu pedhange algojo. Nanging suwalike kanca-kancane Abu Nawas padha ngrasakake dina lumaku suwe banget,kabeh wis padha ora sranta pengin ndeleng Abu Nawas ditigas gulune.
Kabeh keperluan ing pekarangan istana wis disiapake. Baginda Raja pancen ngersakake pasamuwan iki gedhen banget merga uga di rawuhi raja-raja saka negara sahabat.
Lan nalika dinane wis teka, kabeh tamu wis padha rawuh, kejaba Abu Nawas. Kanca-kancane Abu Nawas padha gela Abu Nawas ora teka. Malah akeh sing padha ngarani yen Abu Nawas pranyata licik, ora wani mbuktekake kandhane. Nanging pranyata kanca-kancane mau keliru. Abu Nawas dudu kok ora wani teka, nanging tekane telat saengga lungguhe ing mburi dewe.
Sarampunge Baginda Raja Harun Al Rasyid paring pidhato pangayubagya marang tamune, panjenengane pirsa Abu Nawas lungguh ijenan ing panggonan kang ora ana karpete. Merga tumangsa ngungun Baginda mundhut pirsa, “Geneya kowe ora lungguh ing karpet Abu Nawas?”
“Paduka ingkang minulya, kawula aturaken panuwun atas kawigatosan paduka. Kawula sampun rumaos cekap lenggah wonten mriki,” ujare Abu Nawas.
“Hei Abu, majua lan lungguha ing dhuwur karpet, mengko klambimu kotor merga lungguh ing lemah,’ Baginda Raja paring dhawuh.
“Pangapunten Gusti, sejatosipun kawula menika sampun lenggah ing sanginggilipun karpet.”
Raja Harun Al Rasyid malah bingung marang ature Abu Nawas. Merga Sang Baginda pirasa dhewe Abu Nawas lungguh ing palemahan. “karpet sing endi sing mbok karepake Abu?” pandangune Baginda isih bingung.
“Karpet kawula piyambak Gusti. Samenika kawula tansah mbeta karpet dhateng pundi kemawon kawula kesah.” Ature Abu Nawas kaya-kaya ndhelikake misteri.
“Nanging wiwit mau aku durung weruh karpet sing bok gawa” dhawuhe Baginda Raja tambah bingung.
“Nyuwun pangapunten saderengipun Gusti, menawi panjenengan ngersakaken pirsa kanthi renaning penggalih kawula badhe ngaturi pirsa” ature Abu Nawas sinambi ngangseg maju mengarep. Sawise cukup cedhak klawan Raja HArun AL Rasyid, Abu Nawas banjur mlorotake kathoke lan njengking ngungkuri Raja Harun Al Rasyid saperlu nuduhake suwekan karpet kang di templek-templekake ing bokonge. Kanthi mengkono Abu Nawas katon kaya-kaya mledhingi Baginda Raja Harun Al Rasyid.
Dipledhingi kaya ngono Raja Harun Al Rasyid ora duka, nanging malah gumujeng nalika pirsa ana suwekan karpet padha nemplek ing bokonge Abu Nawas. Baginda Raja ora bisa mbendung gujenge engga dadi kepingkel-pingkel. Semono uga para undangan liyane padha melu ngguyu kemekelen.
Lan meruhi kedadeyan kang ngguyokake kaya mengkon kuwi, kanca-kancane Abu Nawas mung bisa ndomblong. Jroning ati padha ngalembana marang kepinterane Abu Nawas. Mula kanthi suka lila kanca-kancane iki wusana masrahake satus benggol dhuwit marang Abu Nawas.

0 komentar:

Posting Komentar