Selasa, 01 September 2009

Sing lucu

Pil-kada karo Pil-KB

Andri : Wi, apa bedane Pilkada karo Pil KB
Dewi : Ya jelas beda banget ta.pilkada kuwi pilihan Kepala Daerah, yen pil KB kuwi pil kanggo nyegah kehamilan.
Andri : durung satus persen bener. Ayo di piker tenan.
Dewi : Lha sing bener piye.. wis aku nyerah
Andri : Sing bener mengkene: Pilkada yen ora dadi mesthi gela, susah, wong wis kelangan dhuwit akeh kok ora dadi. Nanging yen pil KB, ora dadi rak malah seneng to, berarti gak hamil
Dewi : wah, pinter jebul kowe..



Rumah Sakit

Andri : Wi, apa bedane sekolahan karo Rumah Sakit
Dewi : Lha yo beda banget ta. Sekolahan kanggo sinau golek kepinteran, dene yen Rumah Sakit kanggo berobat wong sing lara.
Andri : Durung bener satus persen.
Dewi : Lha sing bener piye
Andri : Sing bener: nek sekolahan, sing lara kudu bali. Nanging yen Rumah Sakit, sing waras sing bali. Yo pora
Dewi : woo.. jebule mung ngono jawabane




Mati

Andri : Wi, aku arep takon
Dewi : Arep takon apa
Andri : E kowe wis tau weruh wong mati
Dewi : Yo jelas wis ah. Mosok ngono ae gak reti
Andri : Yen wis weruh, aku arep takon: sing digegem wong mati
Dewi : Jelas kapas ta sing agama Islam. Dene yen dudu Islam katon biasa ae ayake.
Andri : Ya jelas salah
Dewi : Lha terus..
Andri : Rungokno yo.. sing digegem wong wong mati… yo jelas nyamuk, kupu, jangkrik lan liyo-liyone. Dudu sing mati wonge
Dewi : Oalah…



Molah-malih

Andri : iki lho aku duwe sada, dawane mung sak kilan, nanging iki sada ajaib. Kowe kudu ngati-ati olehmu nebak. Pucuk delengen.. Rak dadi jeneng kutha ing Sulawesi.. Coba kutha ngendi...
Dewi : A h genah mokal, tak ngetne ya panggah ngono kok
Andri : Saiki rungokno, Pucuk delengen.. Apa basa Indonesiane? Ujung Pandang. Iya apa iya
Dewi : weh iyo.. yo wis saiki gantian. Sadamu tak tugel.. ee kok dadi asmane raja pertama ing Jawa sing ngrasuk Islam, raja sapa kuwi
Andri : Wis, wis, aku kalah.. sapa asmane raja kuwi
Dewi : Raden Patah... Tugel ki rak patah ta..
Andri : Hehe.. iyo...


Basa Mandarin

Andri : Tak takon yo.. basa mandarine mangan apa
Dewi : Che Tau
Andri : Lha yen lungguh
Dewi : Cao chi
Andri : Yen jagongan
Dewi : Lung Gwan Swe
Andri : yen nangis
Dewi : Hua hua hua
Andri : ???

0 komentar:

Posting Komentar