Rabu, 02 September 2009

Alaming Lelembut

Wewaler

“Man..apa bener kowe arep nduwe gawe ngrabeke gendhuk Jaimah sasi ngarep kuwi, lan kabare kowe wis nemtokke dina pasarane Selasa Kliwon?” pitakone pakdhe Krama marang Paiman.
Paiman rada ngingsed lungguhe ing bangku jati gedhe ing tritisan omah. Sore iku lebar ngasar, dheweke ketamon pakdhene nalika lagi ngaso ngeluk boyoke. Krasa rada kaku lan nglanjer sakwise setengah dinanan maculi tegalan sisih kulon ngomahe.
“Nggih sire si ngoten dhe…awit nurut petungan primbone mbah Resa minggu kepengker, pasaran Selasa Kliwon niku dina sing cocok kangge ngijabe Jaimah. Kiyambake lair Setu Kliwon Neptune 9 tambah 8 onten 17, dhawah “lungguh” tegese kelungguhan drajad, mengkene saged kajen keringan. Dene si Yatimin calone niku kelairan Selasa Legi, Neptune 4 tambah 5 onten 8, dhawah petungan “donya”. Tegese bisa kuwat sugih mbandhani. Lhah yen Selasa Kliwon niku petung dina klairane calon nganten di gabung, entuk dina lan pasarane, Neptune 3 tambah 8 onten 11, dhawah “sri” tegese rejeki subur, uripe cah loro niku bakal makmur…ngoten lho dhe”.
“Ya pancen bener…yen petungane mbah Resa mesthi joss..wong nyatane dheweke iku kanggo jujugan paran pitakon warga. Ning apa ya mbahe ora ngandhani bab “wewaler” ing desa iki, tegese wewaler saka Eyang Brajamusthi, dahnyange desa Kaloran kene marang kowe ta Man?”
“Ooo…maksude wewaler sing mpun mlaku turun temurun teng Kaloran niki ta dhe. Nggih empun jelas lan gamblang, yen dinten Selasa Kliwon niku dina malati. Dinten pasaran niku, warga desa ngriki mboten entuk duwe gawe, lelungan napa malih mantu. Wewaler saking sing mbaureksa umbul sendhang pundhen niku…rak ngoten ta dhe? Niku jane mung gugon tuhon… wewaler utawi larangan niku mpun kuna, mpun mboten njamani melih. Ketinggalan ngelmu…niku jamane sepur lempung. Kula mpun nate mondhok teng pesantren ganti ping telu…penmu kaya ngoten niku malah klebu larangan agama…niku musrik. Ukumane saking Gusti Allah jian abot tenan.
“Ngene lho Man…bener kandhamu yen kabeh dina lan pasaran kuwi apik. Ning yen ana sing luwih apik saka sing paling apik, lan bisa nyingkiri dina sangar kuwi rak luwih prayoga. Contone wis akeh…kedadeyan-kedadeyan sing ora tinemu nalar, mati tanpa lara sakwise duwe gawe ing dina pasaran kasebut, kacilakan lan malah ana sing ilang ora genah alang ujure nganti saprene. Kayata kae jenate Ngatmo, Wagino padha mati ndadak. Mbah Tugiman biyen lan Ngasiran ilang tanpa kabar nganti seprene…lan durung suwe iki Ponirin anake Sutar..ndleming edan turut ndalan… Kuwi kabeh yen ora salah ya merga wani nerak pepacuh mau”.
Paiman wis kukuh tetep milih dina pasaran Selasa Kliwon. Ora nggubris pitutur pengelinge tangga lan kanca. Dheweke kepengin mbuktekake yen gugon tuhon sing aneh-aneh, bangsane pundhen pedanyangan lan liyane, ora bakal tumama ing awake. Adoh saka tanggal caking gawe, terop, kursi lan kabeh ubarampe wong duwe gawe wis diberesi. Klebu nyilih hiburane musik dangdut saka Surabaya sing terkenal. Dheweke kepengin duwe gawe mantu gedhen, suthik kalah karo kulawarga besan juragan mbako saka Parakan.
“Ndhuk Jaimah..mbok bapakmu kuwi di elingake sepisan maneh, tinimbang mengko gela tembe mburine. Kepara malah bisa gawe rekasa lan cilaka marang awake, tundhone uga kulawarga” pangandikane priyayi sepuh sing rambut, brengos lan jenggote putih memplak. Menganggo busana kejawen, marang Jaimah.
Wektu kuwi lagi ae bali saka ngukur klambi manten ing ngomahe perias manten. Dheweke kaget awit ora mangerteni sangkan parane priyayi sepuh iku, ngerti-ngerti wis njejeri lakune. Mbokmenawa kegawa wektu sing wis cedhak dina gawe, mlaku lan ngalamun ing ndalan, dhasare mlaku ijen tanpa rowang. Jaimah arep njawab lan nerangake, nanging paraga sepuh sing njejeri mau wis ora ana, ngilang tranpa lacak. Angin surup tumiyup alon rasane adhem nggreges. Jamilah mrinding awit swasana dalan kampung sing biasane rame kuwi, wektu kuwi sepi mamring. Githoke mengkorog krasa kandel. Noleh-noleh banjur enggal nggelak lakune, kepara mlayu nggendring.
Dina-dinane saya cepet maju. Awan kuwi bakal diadani siraman kanggo calon temanten putri. Panitia, perias lan panatacara wis siaga ing gawe. Dina Senin Wage kahanane langit padhang wancine wayah ketiga. Nanging nalika arep kawiwitan laksitacara pasang bleketepe lan siraman, acara pambuka urutaning pawiwahan, langite wiwit mendhung. Mendhung kandel rantak-rantak saka kulon mayungi talatah Kaloran dadi surem ngendanu. Gendhing-gendhing wiwit di puter saka pitaswara, ngiringi pranatacara mbukani acara pasang bleketepe, minangka tandha yen Paiman arep nduwe gawe mantu.
Nganti laksitacara pasang tuwuhan ora ana alangan. Lagi nalika nyampur banyu kanggo siraman, sing di jupukake campuran saka pitung sumber, antarane saka sumber umbul sendhang pundhen Brajamusthi. Bledheg jumedher ing langit peteng, gawe kagete para tamu undhangan sing ngestreni. Ing pangira udan deres bakal ngggrujug desa Kaloran kono. Gludhug lan bledheg saut-sautan, Paiman lan sesepuh-sesepuh padha ndremimil maca donga karahayon, klebu donga mindhah udan.
Siraman rampung ora ana sambikala, bakal disambung acara lamaran lan midodareni mengko sakrampunge maghrib. Rombongan penganten lanang lan besan saka Parakan wis mesanggrah ing omahe pakdhe Krama, watara pitung surup saka pamangkugati. Sesepuh putri lan tamu padha bali, rencanane mengko bengi nekani maneh acara lamaran midodareni, ngiras pantes ndelengi calon temantene lanang lan calon temanten putri sing disengker.
Ing laksitacara selan “tilik nitik” kulawarga besan, mligi sesepuh lan ibu besan niliki calon penganten putri ing saknjerone kamar sengkeran. Kabeh padha ngungun cahyane Jaimah sing anelahi. Ayu mencorong pindha widodari, gawe bombong lan senenge kulawarga besan. Klesik-klesik kabar iki tekan ing panggonane Yatimin. Dheweke rumangsa mongkog, dene pilihane bakal dadi kembang lambe warga desane.
Sakpungkure para ibu besan lan sesepuh mungkur saka kamare, Jaimah kaget nalika nyumurupi ing kasure dilungguhi paraga sing nemoni dheweke kepungkur. Ana rasa wedi nanging ditatagake, nalika paraga kuwi ngendika alus: “Ndhuk..eyang njangkung gawemu. Nanging pancen wis pesthine lelakon, yen bapakmu wis milih dalane”.
Banjur plas paraga sepuh kuwi ngilang. Arep mbengok nanging tutuk kaya kekunci, saka kaget lan wedine Jaimah semaput. Ora ana sing meruhi nganti eling dhewe, lenger-lenger mripate mbrebes mili.
Dina tempuking gawe tamune gilir gumanti, gembira kelipur hiburan campursari ndhangdhut saka grup kesuwur. Penyanyine seksi lan ayu-ayu, musike rancak ngajak irama goyang pinggul. Awan kuwi desa Kaloran regeng, kahanane terang tanpa ana mega, lan angine semilir isis. Acara temu penganten nganti purna ora ana alangan wigati. Mahanani grengseng lan bombong atine wara Kaloran. Pengira yen bakal ana gangguan saka Eyang Brajamusthi, nyatane ora mamujud.
Nyedhaki wanci “sepasaran penganten” utawa ngundhuh mantu. Umyeg warga sing ganti arep ngeterake nganten menyang Parakan. Paiman wis nyarter wolung bis ukuran telung prapat, durung kepetung minibise. Dheweke rumangsa dadi petani sukses, lan iki bakal dituduhake marang awarga kampunge besan ing kana. Mula sisan dene digawe ropyan-ropyan. Kabeh wis samekta kari budhal. Nalika Paiman arep mlebu mobil kulawarga, ndadak kaya ana sing nyandhet. Dheweke omong dewe sing ora genah karepe, kaya wong linglung. Ngomel lan mlayu mrana-mrene, gawe bingunge sing padha arep budhalan.
Jaimah, Yatimin lan mbok Jaenab ndeleng ana paraga sepuh busana kejawen kuwi ngadeg sedhakep ing prapatan, mencereng mandeng tajem marang saparipolahe Paiman. Ing mburine luwih saka paraga sepuluh gagah gedhe dhuwur, ngliga salira padha nggawa cemeti, praupane serem kaya algojo. Tumindake Paiman saya ndadi lali purwa duksina, nyopoti kabeh sandhangane lan di buwangi. Mlayu arahe paraga sepuh ing prapatan. Dicegat dening para algojo kuwi disabeti cemeti. Njerit ngadhuh kelaran mlayu ngarah menyang umbul sendhang keramat ing pojok desa.
Pengiring temanten dadi gegeran, sebageyan sing enom mlayu nututi arahe Paiman. Paiman bengok-bengok sambat kelaran. Ing pandengane para linuwih kasat mata, Paiman dipecuti supaya enggal mlebu wewangunan tembok dhuwur kaya benteng. Ing njeron betengan kuwi ana bangunan gedhe mompyor kaya kraton. Kuwi panggone Eyang Brajamusthi cikal bakal desa sing wis muksa sakandhahane. Miturut pandeleng wantah, kraton kuwi wujud wit trembesi tuwa gedhe ngrembuyung lan umbul sendhang.
Ing sacedhake sendhang, merga mlayune ketantingan Paiman tiba krungkeb kesandhung watu. Bisa dipikut lan dicekeli dening sawetara warga sing kasil nututi. Nanging Paiman mberot lan kerot, tenagane ngluwihi wong sepuluh. Sing padha nggujer klebu Yatimin ora kuwagang, padha kontal dikipatake. Paiman terus mlayu ambyur sendhang, ambles kelem. Sawetara warga enggal cucul sandhangan, nututi ambyur nggoleki ragane sing kelem. Sendhang sing ora pati jero lan amba uga bening nganti katon dasare kuwi dislulupi lan diubres pojok-pojoke. Kabeh daya upaya dicoba, klebu nyraya wong pinter utawa paranormal ing laladan kono. Nanging Paiman ora bisa ditemokake, ilang kaya diuntal bumi. Kabar sungkawa lan kacilakan iku di kabarake menyang kulawarga besan ing Parakan. Othak-athik panemune sesepuh ibu-ibu sing padha nitik manten kepungkur ditintingi. Ana dudutan yen ilange Paiman iku nyalawadi banget. Ing wektu iku uga kulawarga besan nyusuli menyang Kaloran karo ngirid paranormal kesuwur saka Kertek.
Saktekane sendhang wektu iku wis ngliwati wanci surup, remeng-remeng kahanan ing kono. Idhem kegubel swasana mistis. Sawetara sesepuh desa, klebu lurah lan pakdhe Krama, nyoba nayuh tuguran ing umbul sendhang kuwi. Ngancik tabuh sepuluh wit trembesi kuwi kaya digoyang angin lesus, gemrubug gawe miris. Ora suwe ing kono wis ngadeg merbawani paraga sepuh busana kejawen, diirid sawetara algojo nggawa cemethi.
“Hemmm…ana apa jeneng sira kabeh kumpul ing ngareping plungguhanku?”
Paranormal saka Kertek sing disebut mbah Rana kuwi mingsed lungguhe kepara maju; “Ditepungake aku Ranadidjaja..ya waleh ae..aku arep nanjihake… apa Paiman keblasuk ing papan palenggahanmu, yen pancen bener lan sliramu dhangan ing penggalih, supaya bisa kok balekake maneh ing alame”.
“Kepara nyata yen bedhes Paiman kuwi sengaja tak jupuk, merga lancang kumalungkung ngremehake aku, dheweke kudu nebus dosa dadi gedibalku. Nanging nrawang saka mata batinku, kisanak isih ana sambung perguron keturunan duk semana, aku ngabulake penjalukmu. Nanging aku ora bakal mbalekake wutuh, mung raga sing tak balekake. Pikiran lan jiwane tak tahan ing kene, nganti tekan puput pesthine. Iki minangka pepenget marang putra wayah, supaya ngajeni marang leluhure. Ora sumangkeyan nranyak dlajigan nyak-nyakan sak karepe dhewe. Aku bakal tumindak kaya kuwi yen ta isihana warga sing lancing kumawani nerak wewalerku…kepriye,sliramu sarujuk kisanak?”
Perjanjen wigati wis disarujuki, mbah Resa sesepuh Kaloran lan sesepuh desa liyane sanggup njaga budaya, utamane merti desa ing umbul Brajamusthi kuwi. Kasunyatan ora suwe ragane Paiman njedhul kemampul kaya wong turu. Wengi kuwi uga Paiman dirukti digawa bali, dipriksa teliti dening dokter saka Kranggan. Asiling papriksan Paiman kudu akeh ngaso, lan ora kena krungu bab-bab sing gawe kaget, bisa ngganggu ketenangan kiwane.
Nanging senajan wis sarwa diati-ati,jenenge urip ing bebrayan agung, mesthi akeh masalah lan dredah. Karana kaget krungu tanggane rame padudon, Paiman kambuh keganggu pikirane, wusana kumat ngenglenge. Bengak-bengok tumindak nyasar sing gawe kisruh ing lingkungane. Pertimbangane kulawarga lan warga, dheweke kudu dirawat mligi, mula banjur dikirim menyang Rumah Sakit Jiwa Kramat Magelang. Dirawat sawetara dina ing kana bisa mari, nanging yen keganggu maneh ing lingkungan ngomah banjur kumat. Wola-wali diobatake mondhok opname bisa mari, bali kumat maneh. Nganti kulawargane kesel lan pasrah. Saiki Paiman dadi ngengleng ngomyang turut dalan gedhe.

0 komentar:

Posting Komentar